RASA KURMAT TAN BISA SIRNA

Administrator 17 Juni 2021 09:56:39 WIB

RASA KURMAT TAN BISÅ SIRNA

Kacariyos bilih Sulthon Aulia
Syeikh Abdul Qodir Al-Jiilani r.a punikå :

Lamun mriksani tiyang ingkang langkung sepuh Panjenenganipun nggunêm (jroning ati) :

"Pawòngan iki luwih mulya tinimbang aku, dhèwèké luwih sepuh lan luwih akèh nggoné manêmbah"

Lamun mriksani tiyang ingkang langkung anèm, Panjênênganipun nggunêm (jroning ati) :

"Pawòngan iki luwih mulya tinimbang aku, dhèwèké luwih mudha lan luwih sethithik uga dosané."

Lamun mriksani priyantùn winasis, Panjênênganipun nggunêm (jroning ati) :

"Priyantùn iki luwih mulya tinimbang aku, Gusti Allah SWT. maringake sawijining kabêcikan, sawêtara aku durung pinaringan, atêgês Gusti Allah SWT luwih trêsna dhèwèké tinimbang marang aku."

Lamun mriksani tiyang bodho, Panjênênganipun nggunêm (jroning ati) :

"Pawòngan iki luwih mulya tinimbang aku, aku darbé ngèlmu, lan karana ngèlmu iki aku bakal dijaluki tanggungjawab, sawetara pawòngan bodho iki nora dijaluki tanggungjawab karana ngèlmuné."

Lamùn mriksani tiyang kafir, Panjênênganipun nggunêm (jroning ati) :

"Pawòngan iki luwih mulya tinimbang aku , bisa uga sawijining wayah dhèwèké bakal kaparingan hidayah dening Gusti Allah nuli mertobat."

Sawêtara aku, apa aku bisa nggêgêm imanku iki tumêka aku pralaya ? atêgês wong iki luwih mulya tinimbang aku".

Wallahu A'lam.
Dermojurang 17 juni 2021
Ki ageng Dermo

Komentar atas RASA KURMAT TAN BISA SIRNA

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Komentar
Isikan kode Captcha di atas
 

Website desa ini berbasis Aplikasi Sistem Informasi Desa (SID) Berdaya yang diprakarsai dan dikembangkan oleh Combine Resource Institution sejak 2009 dengan merujuk pada Lisensi SID Berdaya. Isi website ini berada di bawah ketentuan yang diatur dalam Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 14 Tahun 2008 tentang Keterbukaan Informasi Publik dan Attribution-NonCommercial-NoDerivatives 4.0 International (CC BY-NC-ND 4.0) License