WASPADA COVID

Administrator 17 Juni 2021 09:35:23 WIB

WASPADA COVID AMPUN NGANTOS NÊNGGÅ DINTÊN KA 7.

Para kadang sutrêsna, ampun nênggå jumêdhulipun mriyang inggil lan kathahipun watuk, nêmbé menggalih ! Sampun kasêp !
Présani langkung gasik milai dintên ke1 malêbêt ipun virus dhatêng jroning raga, murih nemenipun sakit bisa dipun kawékani. Sasmitaning mriyang inggil nêmbé jumêdhul wontening dintên ke 8, ing mriku virus sampun kasil ngrêmbaka, ngrisak wiyar jroning angga.
Prayogi dipun tingkataken daya tahan angga kita sak dèrèngipun virus kasil ngancurakên kita.
Pun gatosakên kawontenan dhiri kitå awit rinaos milai kapapar, nùninjìh mêkatên :
Dintên ka 1- 3 :
• Namung kados masuk angin ènthèng.
• Dhahar ngunjuk taksih limrah.
• Kêrongkongan namung sakit sêkêdhik.
Dintên ka 4 :
• Sakit sirah ènthèng.
• Badan sekedhik anget, antawis 36.5°C.
• Sakit nggorokan ènthèng.
• Suwantên milai serak.
• Salira nedhi milai karidhu.
• Nderiya Pangrasa/Pengecap "ical"
• Indera pengambon ugi ical.
• Sêkêdhik diare ènthèng.
Dintên ka 5 :
• Sakit nggorokan.
• Suwantên serak.
• Badan milai keraos meriang.
• Temperatur antawis 36.5 - 36.7 °C.
• Badan kraos sayah, loyo, gerah.
• Driji-driji lan pasendhèn keraos sakit.
Dintên ka 6 :
• Milai mriyang ringan antawis 37°C.
• Batuk garing utawi sêkêdhik ngêyiyit (berlendir).
• Kala kadhing kraos sêsak napas.
• Sakit nggorokan nalika gunêman.
• Sakit wêkdal nêdha lan nelên.
• Mual lan saget ugi muntah.
• Wòntên diare.
Dintên ke 7 :
• Demam radi inggil 37.4 - 37.8 °C.
• Watuk langkung kathah lan wontên riyak.
• Napas pendek² lan têtêp.
• Sirah sakit lan awrat.
• Ngilu-ngilu saranduning badan.
• Diare tinambah.
Dintên ka 8 :
• Meriyang inggil 38°C tawi langkung.
• Èwêt ambêgan, jaja kraos awrat.
• Sakit sirah, geger lan sêndhi-sendhi.
• Watuk
Dintên ka 9 :
• Samudåyå sasmita mbòtên owah.
• Watuk sang saya nêmên.
• Meriyang mbòtên kantên-kantênan.
• Napas sang saya supek.
• Ngawékani sampun sagêt.
• Kedah enggal tinulung winigatos (intensif).
Lamun waspada ing dintên ka 1-3 tingkataken daya tahan tubuh, ngunjuk vitamin-vitamin C, D, E sarta sumadya panadol (parasetamol), saget memala punika sagêt dipun gusah kesah sak derengipun nemen lan pikantuk bagas waras.
Sasmita dintên k 1-3 sanget ènthèng lan asring kalirwan mbòtên kalacak (terdeteksi).
Mbok bilih Dintên ka 4 nembé milai cubriyå. Énggal-enggal isolasi mandiri, kathah ngunjuk toya angêt utawi jêjamon ugi saé. Dhédhé wayah enjang, kathah masuh asta, raup, salin rasukan. Dhahar têtêdhan ingkang gumizi lan ngujuk vitamin-vitamin.
Wilujêng siyaga lan waspada. Têtêp antêng nangìng wicak. Endhani kamungkinan kapapar sak sagêt-sagêtipun. Mugihå kita sami kasil “ngayuda” lumawan covid lan mugiha kita samudåyå sagêd nggayuh kasantosan.
Prayogi kagantosaken Pra bèntênipun !!! (Mouriho mbotên gadhah pantaba awon)
1. Watuk garing + wahing = Polusi udara.
2. Watuk + Lendir + wahing + Pilek = Pilek biyåså.
3. Watuk + Lendir + wahing + Pilek + Sakit badan + loyo + meriyang ènthèng = Influenza.
4. Watuk garing + wahing + Ngilu badan + loyo + Meriyang inggil + Kangelan ambegan + icalipun ndriya pangecap lan pangrasa = Corona virus.
Departemen patologi AIIMS,
Din-Kes.
Punikå kintunan saking Din-Kes. Prayogi pun andum dhatêng pawiyatan-pawiyatan kanthi wigati.
Mugi Tansah Rinengga Sagunging Karahayon.

Komentar atas WASPADA COVID

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Komentar
Isikan kode Captcha di atas
 

Website desa ini berbasis Aplikasi Sistem Informasi Desa (SID) Berdaya yang diprakarsai dan dikembangkan oleh Combine Resource Institution sejak 2009 dengan merujuk pada Lisensi SID Berdaya. Isi website ini berada di bawah ketentuan yang diatur dalam Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 14 Tahun 2008 tentang Keterbukaan Informasi Publik dan Attribution-NonCommercial-NoDerivatives 4.0 International (CC BY-NC-ND 4.0) License