PANGERTEN BAB PANATACARA ( PAMBYAWARA )

Administrator 15 Juni 2021 09:59:26 WIB

Panatacara ( pambyawara )

1. Pangertene panatacara
Panatacara kerep uga diarani dening bebrayan agung minangka panatacara pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean (kuburan).
Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana utawa pranata laksitaning adicara. Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan nata lan nglantarake acara utawa adicara.
Cecawis Sanguning Pranatacara
Murih jejibahan bisa kasil kanthi becik, pranatacara lan pamedhar sabda kudu bisa ngrengkuh sarat sarana kang baku yaiku :
a. Swara
Swara pinangka srana babaraning basa kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung, membat mentul, kepenak dirungokake. Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa.
tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis –manise, pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp. Lagu (wirama) : Nyakup sora-lirih, dawa -cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan lak-luking swara.. Lagu kang becik tumrape basa Jawa dirani dhekung
b. Busana / Ageman
Ajining raga gumantung busana, mula babagan busana iku uga kudu digladhi murih jejibahan kang diemban bisa kaleksanan kanthi becik Pranatacara lan pamedhar sabda kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat, laras karo kahanan utawa kaperluwane ana ing upacara , rapi, lan tumata panatane.
c. Subasita
Trapsila utawa tatakrama uga kudu kagladhi kang becik , amarga trapsila kang kurang becik bisa ngurangi kawibawan jejering pranatacara lan pamedhar sabda. Solah bawa aja digawe-gawe becik prasaja wae, anteng mantep nanging ora kaku.
Owah-owahan pasemon uga kudu kaudi supaya kabeh mau bisa nggambarake isining ati, kang tundhone jumbuh karo swasana.
d. Basa lan sastra
Basa kang digunakake pranatacara lan pamedhar sabda diudi sing bener, pener,
becik,
endah, lan gampang ditampa utawa komunikatif. Basa kang becik yaiku basa kang
trep panganggone. Supaya trep kudu ngeling:
· Sapa sing guneman
· Sapa sing tumanggap wawan gunem/audiens
· Sapa /apa sing digunem
· Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)

Dene kawruh kasusastran tumrap kang kepengin nggayuh pranatacara lan pamedhar sabda kang gamben lan profesional nyakup: pepindhan, panyandra, wangsalan, parikan, tembang, purwakanthi Pewayangan, kawruh karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp

2. Perangan teks panatacara
Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe ngrengrengan teks panatacara para siswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:

* Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
* Puji sykur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad
* Sapa aruh. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
* Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
* Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
* Salam penutup.

3. Unsur-unsur panatacara
Sarat Panatacara
Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:

  1. Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
    2. Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
    3. Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
    4. Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.
    5. Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu
    6. Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa
    7. Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman.

Seloharjo 15 Juni 2021

kaserat dening Ahmad efendi ( cak fendy )

Komentar atas PANGERTEN BAB PANATACARA ( PAMBYAWARA )

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Komentar
Isikan kode Captcha di atas
 

Website desa ini berbasis Aplikasi Sistem Informasi Desa (SID) Berdaya yang diprakarsai dan dikembangkan oleh Combine Resource Institution sejak 2009 dengan merujuk pada Lisensi SID Berdaya. Isi website ini berada di bawah ketentuan yang diatur dalam Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 14 Tahun 2008 tentang Keterbukaan Informasi Publik dan Attribution-NonCommercial-NoDerivatives 4.0 International (CC BY-NC-ND 4.0) License