S I N A U N U L I S J A W A L A T I N

Administrator 20 April 2021 11:36:58 WIB

TATA TULIS LATIN JAWA

Tiyang Jawi punika ngertosipun aksara Latin amargi dipunbekta kaliyan bangsa Landa (Belanda). Saderengipun Walanda mlebet tanah Jawi , tiyang Jawi sampun gaḍahi aksara piyambak , ingkang sinebat Carakan
ꦲ ꦤ ꦕ ꦫ ꦏ
Ha Na Ca Ra Ka
ꦢ ꦠ ꦱ ꦮ ꦭ
Da Ta Sa Wa La
ꦥ ꦝ ꦗ ꦪ ꦚ
Pa Dha Ja Ya Nya
ꦩ ꦒ ꦧ ꦛ ꦔ
Ma Ga Ba Tha Nga
Pramila nalika basa Jawi dipunserat nganggé aksara Latin , tetep kedah manut dhateng paugeranipun Carakan (kaidah Carakan). Amargi Carakan ingkang langkung rumiyin wonten ing tanah Jawi. Dados sanes Carakan ingkah kedah ngatut dhateng Latin !

Latin Jawi benten kaliyan Latin Indonesia.
- Latin Indonesia sipatipun transkriptif.
Dipunserat adedhasar ungelipun (sesuai bunyi).
- Latin Jawi sipatipun transliteratif.
Dipunserat adedhasar sulih aksara Carakan.

Paugeranipun mekaten :
- Nglêgênå = dipunlatinaken "A"
- Wulu = dipunlatinaken "I"
- Suku = dipunlatinaken "U"
- Pêpêt = dipunlatinaken "Ê"
- Taling = dipunlatinaken "È" lan "É"
- Taling Tarung = dipunlatinaken "O"

Pramila , bahasa Indonesia Dua (angka : 2) , dipunserat dhateng basa Jawi Loro , amargi manut Carakan ingkang ngagem taling-tarung.
Nanging , bahasa Indonesia Sakit dipunserat dhateng basa Jawi Lara , amargi manut Carakan ingkang nglêgêna.

Punika jati dhirinipun tiyang Jawi. Senajan nyerat basa Jawi mawi aksara Latin , nanging boten manut paugeranipun Walanda. Latin Jawi kagungan têtêngêr (ciri , tandha) piyambak , benten kaliyan Latin Indonesia utawi Latin Walanda.
Ampun dipuncampur wor.

Nanging prakara ingkang dados parembagan inggih punika , ing mangsa sapunika (jaman modern) boten sedaya tiyang Jawi ngertos nyerat lan maos Carakan. Langkung kathah tiyang Jawi ingkang ngertosipun aksara Latin kemawon , lajeng nyeratipun basa Jawi manut paugeran (kaidah) Latin Indonesia , kamangka punika benten sanget.

Punika wonten cara (tips) nyerat Latin basa Jawi kagem ingkang kirang paham Carakan.
Kawitanipun kedah ngertos lan paham mungelipun aksara "O JEJEG" lan "O MIRING".

Conto mungelipun O JEJEG :
toko , sore , sawo , soto , kêbo , loyo
bolah coro, mbako, lsp.

Conto mungelipun O MIRING :
tokoh , lontong , garong , robot , colong, bagor popor, botol, lsp.

Samenika cobi migatosaken wanda (suku kata) pungkasan , lajeng wanda (suku kata) ngajengipun saged nganut.

Mungelipun "O JEJEG URIP" ing basa Jawi ingkang tetep dipunserat "O".
Conto :
- kêbo (kerbau) dipunserat : kêbo
- bojo (istri) dipunserat : bojo

Mungelipun "O JEJEG MATI" ing basa Jawi ingkang dipunserat "U".
Conto :
- dulor (saudara) dipunserat : dulur
- nguyoh (kencing) dipunserat : nguyuh

"O MIRING MATI" ing basa Jawi ingkang tetep dipunserat "O".
Conto :
- kobong (terbakar) dipunserat : kobong
- kongkon (perintah) dipunserat : kongkon

"O MIRING URIP" ing basa Jawi ingkang dipunserat "A" ("Å").
Conto :
- konco (teman) dipunserat : kanca (kåncå)
- nggowo (membawa) dipunserat : nggawa (nggåwå)

Kados punika pugeraran utawi wewatonipun. Elokipun kathah ingkang 'protes' (nyrekel). Mbokmenawi langsung remen nyinau basa Jawi saking VCD dangdut koplo ketimbang saking buku "Pêpak Basa Jawa". Menawi leres kados ngaten , badhe dipunseleh wonten pundi "JATI DHIRI BASA JAWA" ??

Kamangka nalika nyerat bahasa Inggris , upaminipun ,
- wan = dipunserat : one
- ai lav yu = dipunserat : I love you
Ewasemanten dipuntampi , boten 'protes'. Nanging nalika nyerat basa Jawi manut paugeran ingkang baku (Paramasastra) , lajeng nolak , 'protes'.
Kathah alesanipun nanging sayektosipun amrih gampil , lumuh nyinau.
Nyumanggakaken.
Maturnuwun.

Seloharjo , Selasa Legi 20 April 2021 

Komentar atas S I N A U N U L I S J A W A L A T I N

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Komentar
Isikan kode Captcha di atas
 

Website desa ini berbasis Aplikasi Sistem Informasi Desa (SID) Berdaya yang diprakarsai dan dikembangkan oleh Combine Resource Institution sejak 2009 dengan merujuk pada Lisensi SID Berdaya. Isi website ini berada di bawah ketentuan yang diatur dalam Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 14 Tahun 2008 tentang Keterbukaan Informasi Publik dan Attribution-NonCommercial-NoDerivatives 4.0 International (CC BY-NC-ND 4.0) License