BUSANA JAWI JANGKEP GAGRAK NGAYOGYAKARTA

06 Januari 2020 11:43:37 WIB

Senin Legi 06 Januari 2020

Pinangka Daerah Istimewa Yogyakarta ingkang sampun dipun tetepaken lumantar PerGub lan Perda Bupati Bantul saben dinten kemis pahing sedaya para PNS lan SKPD menapa dene Pemerintahan sanes dipun kedahaken ngagem busana jawi jangkep gagrak Ngayogyakarta Hadiningrat.

Emanipun sak perangan para para ingkang ngagem busana jawi jangkep menika dereng saged nggatosaken pakemipun busana gagrak ngayogyakarta,sae saking blangkon,surjan,jarik,duwung/keris,selop,lan sak panunggalanipun.

Cara ngagem busana jawi jangkep mila kedah dipun paringi pangertosan saking para-para ingkang mangertosi bab menika,awit yen namung waton ngagem mboten miturut nut pakemipun temtu ngirangi kaendahan saha pakemipun ngagem busana jawi menika,kados miru jarik,sak perangan tiyang dereng saged nggatosaken cara anggenipun miru,awit kagem ageman pria lan wanita temtunipun benten.

Corak utawi motif ingkang dipun agem ugi dereng saged matrapaken,mila sedaya menika kedah wonten pangertosan utawi dipun adani sarasehan,pawiyatan kagem nambahi seserepan bab ngadi busana jawi jangkep gagrak ngayogyakarta.

 

Komentar atas BUSANA JAWI JANGKEP GAGRAK NGAYOGYAKARTA

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Komentar
Isikan kode Captcha di atas
 

Website desa ini berbasis Aplikasi Sistem Informasi Desa (SID) Berdaya yang diprakarsai dan dikembangkan oleh Combine Resource Institution sejak 2009 dengan merujuk pada Lisensi SID Berdaya. Isi website ini berada di bawah ketentuan yang diatur dalam Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 14 Tahun 2008 tentang Keterbukaan Informasi Publik dan Attribution-NonCommercial-NoDerivatives 4.0 International (CC BY-NC-ND 4.0) License