WERDINING PERANGAN TEMBANG MACAPAT
03 Desember 2019 10:54:17 WIB
TEMBANG MACAPAT urutan ana 11 tembang ing kene kabeh mengku filosofi utawa mengku teges kanggo sak kabehing manungsa,ora miji miji apa agamane lan apa kapercayaane hamung nduweni sifat umum utawa universal kanggo sak kabehing manungsa,perangan tembang kaping sepisan Mas kumambang mengku teges utowo duweni filosofi nganggo cara Agama Islam kang poro winasis duweni werdi filosofi urip manungsa soko awal mula penciptaane,katulis ing kalam illahi "summa ja'alnaahu nuthfatan fii qoroorim makiin"sak banjure ingsun dadekake tirto mani(sing kesimpen)sak jeroning papan sing kukuh(rahim).Al-mu'minun 23: ayat 13.den gambarake dadi embrio sing lagi proses dadi bayi ingdalem rahim biyung lan urung dimangerteni bakal dadi lanang apa wadon.
Kumambang ateges ijih ngambang karono gumantung karo biyunge ana ing jero rahim utawa sak jroning kandungan sing kokoh,banjur pengeran ngendika "huwalladzii yushowwirukum fil-ar-haami kaifa yasyaa ,laaa illaaha illa huwal aziizul-hakiim"Ingsun sing bentuk kowe sak jeroning rahim miturut sing ingsun kersakake ,ora ana pengeran sak liyane ingsun sing maha kuat lan maha wicaksana ,Ali imron 3: Ayat 6. watak lan penjiwaan tembang maskumambang iki nggambarake penjiwaan kesedihan kalunta-lunta sarto suara ati sing nelongso mergo duwe maksud pesen kanggo anak anak sing wes dewasa bawasana anggarbeni nalika ngandung kowe biyen sarwa pekewoh ing sak kabehing suwasana keprihatinan,mulo sak kabehing manungsa pada tawadukko nang wongtua kito mengko mundak kesindir marang pitutur luhur luhuring pitutur jowo wong kang manut pitutur wong tuo ugi ha nemu durhaka,Ing donya tumekening akhir tan wurung kasurung surung.Seloharjo 03/12/2019
Komentar atas WERDINING PERANGAN TEMBANG MACAPAT
Formulir Penulisan Komentar
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Jumlah Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- Bimbingan Teknis Sipedet - Cantik Tahun 2025
- Monitoring dan Evaluasi Pembangunan Pemerintahan dan Kemasyarakatan oleh Komisi A DPRD Kabupaten Ban
- Rapat Koordinasi Realisasi Capaian PBB P2 Tahun 2025
- Penyusunan dan Pendayagunaan Data Profil Desa dan Kalurahan
- Rapat Monitoring Evaluasi Pelaporan Pengendalian Pengawasan Tanah Kalurahan dan Tanah SG ( Triwulan
- Bimbingan Sosial Kepada Masyarakat dan Keluarga PPKS Seloharjo
- Pelatihan Budidaya Ikan Tahun 2025
Website desa ini berbasis Aplikasi Sistem Informasi Desa (SID) Berdaya yang diprakarsai dan dikembangkan oleh Combine Resource Institution sejak 2009 dengan merujuk pada Lisensi SID Berdaya. Isi website ini berada di bawah ketentuan yang diatur dalam Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 14 Tahun 2008 tentang Keterbukaan Informasi Publik dan Attribution-NonCommercial-NoDerivatives 4.0 International (CC BY-NC-ND 4.0) License
