ALAS KOBONGAN

28 Oktober 2019 12:16:56 WIB

Senin 28 Oktober 2019,

Wanci tabuh 11.00 Wib ing wewengkon Seloharjo Pedukuhan Blali ingkang batesan langsung Pedukuhan Ngreco Seloharjo wonten kedadosan wana kobongan malih,saben saben apel ing dinten senin enjing Pemerintah Desa sampun mboten kirang-kirang anggenipun paring intruksi dateng Dukuh Dukuh supados dipun biyawarakaken dhateng warga nipun supados langkung ngatos atos yen ngobong uwuh wonten ing wana,ing pekarangan.Ngengeti mangsa garing,lan angin ingkang ageng kanyata dadosa ndrawasi tumrap uwuh kang diobong saged jalari mremen.

Intruksinipun Pemerintah Desa lumantar para Dukuh kirang dipun gatosaken dening masyarakat,sahengga dadosaken bot repotipun Pemerintah lan BPBD Kab Bantul. Kasi Pemerintahan Desa Seloharjo Nurharyanti S.pd ingkang dampingi petugas saking  DAMKAR BPBD ngendikakaken bilih kedadosan kados menika sampun wongsal wangsul ing Seloharjo lan ndelalahipun namung ing wewengkon Pedukuhan Blali sak kiwa tengenipun. Kanthi wonten kedadosan malih kanthi tegas piyambakipun ugi ngendikakaken bilih tledoripun warga ingkang ngobong uwuh ing wana menapa dene pekarangan saged kagem pengemut emut warga sanesipun,supados langkung ngatos atos lan yen nilaraken kedah dipun pestheaken menawi mawa sampun mati.

Komentar atas ALAS KOBONGAN

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Komentar
Isikan kode Captcha di atas
 
Kebijakan Privasi

Website desa ini berbasis Aplikasi Sistem Informasi Desa (SID) Berdaya yang diprakarsai dan dikembangkan oleh Combine Resource Institution sejak 2009 dengan merujuk pada Lisensi SID Berdaya. Isi website ini berada di bawah ketentuan yang diatur dalam Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 14 Tahun 2008 tentang Keterbukaan Informasi Publik dan Attribution-NonCommercial-NoDerivatives 4.0 International (CC BY-NC-ND 4.0) License