DROPPING AIR BERSIH

28 Oktober 2019 09:34:12 WIB

Minggu Kliwon 27 Oktober 2019

Wanci ketiga ing tlatah Kabupaten Bantul kanyata ndamel para warga ing perenging Dusun Dermojurang kekirangan toya kagem kabetahan saben dintenipun,sampun meh 3 Tahun punika saben wanci ketiga ngantos tumbas Toya menapa malih pados bantuan saking Ormas,Pemerintah lan sanes-sanes ipun. Prasasat saben dinten 3 Tengki ingkang mlebet ing Dermojurang,awit saking jalur PDAM ugi mboten saged dumugi ing Dermojurang RT 03,,,PDAM namung saged mlebet sak perangan wewengkon RT 2 kemawon.Tuk utawi sumber toya ingkang saben dinten dipun pendeti warga kanyata dereng nyekapi kabetahan saben dinten ipun,mila kanthi punika saking warga nggadhahi panyuwunan dhateng Pemerintah supados langkung dipun gatosaken malih lan warga mboten kecingkrangan perkawis toya,sinaosa Dermojurang meh kemawon pikantuk program PAMSIMAS ing tahun 2020.

 Saking gumbiraning manah saking warga Dermojurang lan sak kiwa tengenipun,ngaturaken panuwun dhateng para dermawan,para Ormas ingkang sampun paring pambiyantu awujud toya dhateng warga ,mugi awit pambiyantunipun saged ngenthengaken beban warga bab toya,lan mugi ndadosaken amal kesaenan dhateng para penyumbang sedayanipun.

Komentar atas DROPPING AIR BERSIH

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Komentar
Isikan kode Captcha di atas
 
Kebijakan Privasi

Website desa ini berbasis Aplikasi Sistem Informasi Desa (SID) Berdaya yang diprakarsai dan dikembangkan oleh Combine Resource Institution sejak 2009 dengan merujuk pada Lisensi SID Berdaya. Isi website ini berada di bawah ketentuan yang diatur dalam Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 14 Tahun 2008 tentang Keterbukaan Informasi Publik dan Attribution-NonCommercial-NoDerivatives 4.0 International (CC BY-NC-ND 4.0) License