PANATACARA,

21 Oktober 2019 09:41:29 WIB

Senin wage 21 Oktober 2019

 

Ing tlatah Jawi,khususipun ing Ngayogyakarta Hadiningrat,pahargyan pinanganten mboten uwal saking Panatacara utawi Pranatacara,ugi wonten ingkang nyebat Pambiwara.

Panatacara inggih punika tiyang ingkang ndherekaken lampahipun acara,supados rancag,darik lan saged mbeta swasana ing acara punika langkung temata.

Maneka werni utawi sarwa sarwi panatacara anggenipun ngolah wileting basa,ageman,temtu kemawon ningali kawontenan lan swasana pahargyan,ingkang baku mboten uwal saking ril utawi pranatan.

Pranatacara ugi saged dipun sebat Master of Ceremony ( MC ),adat saben ndherekaken lampahipun acara wiwit lamaran,pasang bleketepe,siraman,midodareni,pasrah calon pinanganten,ijab,panggih lan resepsi.

Nanging sedaya wau nut kabetahan pamengku gati ugi.

Yen ngagem adat busana Ngayogyakarta ugi kedah dipun gatosaken anggenipun ngrasuk busana,wiwit saking blangkon,surjan,sinjang ,duwung lan sak panunggalanipun,awit sinaosa sami-sami tlatah jawi,ananging kedah saged dipun trep aken antawisipun busana Ngayogyakarta menapa dene sala,awit kathah sanget para MC ingkang mboten nggatosaken babagan menika,sak menika ugi sampun wonten Pawiyatan utawi papan kagem gegulang bab MC ,ingkang mapan ing Rumah Budaya Tembi.Dados para MC saged ngertos tatacara ngagem busana menapa dene pangertosan sanesipun ingkang gayut kaliyan Panatacara.Cak fendy ,pinangka pegiat seni lan budaya ing Seloharjo,rumaos prihatos sanget awit sampun rekaos pados MC ingkang nem,khususipun ing Seloharjo lan Kec Pundong.Rikala dipun sowani media ,piyambakipun nggadhahi krenteg supados para wiranem ing Seloharjo remen lan kersa sinau olah tata basa lan saged mbeta acara raketang namung ing pasamoan ndhusun.

Komentar atas PANATACARA,

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Komentar
Isikan kode Captcha di atas
 
Kebijakan Privasi

Website desa ini berbasis Aplikasi Sistem Informasi Desa (SID) Berdaya yang diprakarsai dan dikembangkan oleh Combine Resource Institution sejak 2009 dengan merujuk pada Lisensi SID Berdaya. Isi website ini berada di bawah ketentuan yang diatur dalam Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 14 Tahun 2008 tentang Keterbukaan Informasi Publik dan Attribution-NonCommercial-NoDerivatives 4.0 International (CC BY-NC-ND 4.0) License